DUITKU "Solusi Transaksi Online Anda"

DUITKU "Solusi Transaksi Online Anda"
Aplikasi PPOB Melayani Pembelian Pulsa, Paket Internet, Token Listrik, Voucher Game, Pembayaran Listrik, E-Money, E-Wallet, dan lain-lain

Rabu, 31 Agustus 2016

Tema Pidato Bahasa Jawa Serang Banten “Nuntut Ilmu Niku Seumur Urip”



Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin Wabihi Nasta’inu Wa’ala Umuriddunya Waddin
Washolatu Wassalamu ‘Ala Ashrofil Ambiyai Walmursalin Wa’ala Alihi Washohbihi Ajma’in
Amma Ba’du
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Kepala Sekolah SDN Baketor
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Atanapi Ibu Guru Beserta Staf SDN Baketor
Sing Tercinta Lan Kule Cintai Rencang-rencang kule siswa siswi SDN Baketor
Mugi-mugi kule sedanten selalu dalam lindungan Allah SWT lan selalu diisungi kesehatan sehingge kule sedanten bangkit hadir ing dalem acara rutin setiap subuh jum’at enggeh puniku “Jum’at Sodaqoh”.
Puji lan syukur marilah kule selalu panjataken mareng Allah SWT kang sampun ngisungi nikmat Iman, Islam, Ihsan, lan nikmat sehat wal’afiat.
Sholawat serte salam katuran kule sedanten lantunaken maring junjungan kule, nabi kule, penghulu kule, habibina, wasyafi’ina, wamaulana Muhammad SAW. kang sampun ngebakte kule sedanten saking kepetengan maring kepadangan seperti saat puniki.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Pada kesempatan sing berbahagie puniki kule ayun nyampekakan uraian singkat tentang “Ilmu Puniku Cahaya”
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
“Nuntut Ilmu Niku Seumur Urip”
Pepatah arab ngomongaken “Tholabul ‘Ilma Minal Mahdi Ilallahdi” sing artine “nuntut ilmu puniku awit saking bedongan tumeke maring lelandak”.
Maksude enggeh puniku bahwe nuntut ilmu niku harus seumur urip kule, selama ambekan maler wenten, gerak badan maler gesit, make kule-kule sedanten harus atanapui wajib nuntut ilmu.
Cepe wong kulon mah ngomongaken “Long Life Education” artine “Pendidikan Seumur Urip”.
Oleh krane puniku yuk kule-kule sedanten nuntut ilmu sing getol, nuntut ilmu sing patol, lan nuntut ilmu tanpe putus ase, terus-menerus nuntut ilmu walaupun sampun tue, walaupun sampun peyot lan sebagaine.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Smongko uraian singket kule, mugi-mugi wenten manfaate kangge kule khususe lan kule sedanten umume. Kule ngende alim pangapurane embokan wenten omongan-omongan lan tingkah laku kule sing kirang berkenan.
Wabillahi Taufiq Walhidayah, Warridho Wal Inayah, Wassalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh


Minggu, 07 Agustus 2016

Teks Pidato Bahasa Jawa Serang Banten (Ilmu Puniku Cahaya)




Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin Wabihi Nasta’inu Wa’ala Umuriddunya Waddin
Washolatu Wassalamu ‘Ala Ashrofil Ambiyai Walmursalin Wa’ala Alihi Washohbihi Ajma’in
Amma Ba’du

Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Kepala Sekolah SDN Baketor
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Atanapi Ibu Guru Beserta Staf SDN Baketor
Sing Tercinta Lan Kule Cintai Rencang-rencang kule siswa siswi SDN Baketor
Mugi-mugi kule sedanten selalu dalam lindungan Allah SWT lan selalu diisungi kesehatan sehingge kule sedanten bangkit hadir ing dalem acara rutin setiap subuh jum’at enggeh puniku “Jum’at Sodaqoh”.

Puji lan syukur marilah kule selalu panjataken mareng Allah SWT kang sampun ngisungi nikmat Iman, Islam, Ihsan, lan nikmat sehat wal’afiat.

Sholawat serte salam katuran kule sedanten lantunaken maring junjungan kule, nabi kule, penghulu kule, habibina, wasyafi’ina, wamaulana Muhammad SAW. kang sampun ngebakte kule sedanten saking kepetengan maring kepadangan seperti saat puniki.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Pada kesempatan sing berbahagie puniki kule ayun nyampekakan uraian singkat tentang “Ilmu Puniku Cahaya”

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Cepe al-Ghozali ati kule puniku sepertos kace, lamun kace sering dibersihi, setiep waktos, setiap saat, setiep detik, make kace puniku tambah waktos, tambah dinten tambah kinclong clong clong clong…!!! Enggeh boten dulur-dulur???

Niki selaras sereng kang sampun diungkapaken kelawan kanjeng nabi kule Nabi Muhammad saw. Cepe Nabi “al-‘Ilmu Nurun” sing artine “Ilmu Puniku Cahaye”.

Niki bangkit disimpulaken enggeh puniku lamun kule ayun belajar ilmu lan dipune ilmu mlebet kelawan cepet, sing perlu dibersihi niku atine krihin. Mun atine sampun bersih, sampun kinclong sepertos sing omongaken sereng al-Ghozali, make ilmu niku mlebet kelawan cepet artine belajare boten belet, kule nerime ilmu cepet, cerdas lan pinter. Krane ilmu niku cahaye, cahaye cuma nembus ning barang-barang sing bening-bening lan kinclong-kinclong. Lamun ati kulane butek, make ilmu puniku boten mlebet-mlebet ning ati kule sing lagi belajar ilmu.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Dipune atine bersih lan kinclong prepun carane???
Sholat lime waktos napik ditinggal, puase ing dalem bulan romadhon, bayar zakat fitrah, katah-katah shodaqoh, katah-katah zikir atanapi inget maring Allah SWT., terus menerus damel kebagusan maring wong tue kalih, dulur-dulur, tetangge, recncang-rencang lan seteruse. Nikulah hal kang bangkit ngebersihaken lan nginclongaken ati kule, krane cahaye ilmu puniku bangkit nembus ning ati kule sing bersih lan kinclong.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Smongko uraian singket kule, mugi-mugi wenten manfaate kangge kule khususe lan kule sedanten umume. Kule ngende alim pangapurane embokan wenten omongan-omongan lan tingkah laku kule sing kirang berkenan.

Wabillahi Taufiq Walhidayah, Warridho Wal Inayah, Wassalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

Teks Pembawa Acara (MC) Berbahasa Jawa Serang Banten