Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin Wabihi Nasta’inu
Wa’ala Umuriddunya Waddin
Washolatu Wassalamu ‘Ala Ashrofil Ambiyai Walmursalin
Wa’ala Alihi Washohbihi Ajma’in
Amma Ba’du
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Kepala
Sekolah SDN Baketor
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Atanapi Ibu
Guru Beserta Staf SDN Baketor
Sing Tercinta Lan Kule Cintai Rencang-rencang kule
siswa siswi SDN Baketor
Mugi-mugi kule sedanten selalu dalam lindungan
Allah SWT lan selalu diisungi kesehatan sehingge kule sedanten bangkit hadir
ing dalem acara rutin setiap subuh jum’at enggeh puniku “Jum’at Sodaqoh”.
Puji lan syukur marilah kule selalu panjataken mareng
Allah SWT kang sampun ngisungi nikmat Iman, Islam, Ihsan, lan nikmat sehat wal’afiat.
Sholawat serte salam katuran kule sedanten
lantunaken maring junjungan kule, nabi kule, penghulu kule, habibina, wasyafi’ina,
wamaulana Muhammad SAW. kang sampun ngebakte kule sedanten saking kepetengan
maring kepadangan seperti saat puniki.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Pada kesempatan sing berbahagie puniki kule ayun nyampekakan uraian
singkat tentang “Ilmu Puniku Cahaya”
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Cepe al-Ghozali ati kule puniku sepertos kace, lamun kace sering
dibersihi, setiep waktos, setiap saat, setiep detik, make kace puniku tambah
waktos, tambah dinten tambah kinclong clong clong clong…!!! Enggeh boten
dulur-dulur???
Niki selaras sereng kang sampun diungkapaken kelawan kanjeng nabi kule
Nabi Muhammad saw. Cepe Nabi “al-‘Ilmu Nurun” sing artine “Ilmu Puniku Cahaye”.
Niki bangkit disimpulaken enggeh puniku lamun kule ayun belajar ilmu
lan dipune ilmu mlebet kelawan cepet, sing perlu dibersihi niku atine krihin. Mun
atine sampun bersih, sampun kinclong sepertos sing omongaken sereng al-Ghozali,
make ilmu niku mlebet kelawan cepet artine belajare boten belet, kule nerime
ilmu cepet, cerdas lan pinter. Krane ilmu niku cahaye, cahaye cuma nembus ning
barang-barang sing bening-bening lan kinclong-kinclong. Lamun ati kulane butek,
make ilmu puniku boten mlebet-mlebet ning ati kule sing lagi belajar ilmu.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Dipune atine bersih lan kinclong prepun carane???
Sholat lime waktos napik ditinggal, puase ing dalem bulan romadhon,
bayar zakat fitrah, katah-katah shodaqoh, katah-katah zikir atanapi inget
maring Allah SWT., terus menerus damel kebagusan maring wong tue kalih,
dulur-dulur, tetangge, recncang-rencang lan seteruse. Nikulah hal kang bangkit
ngebersihaken lan nginclongaken ati kule, krane cahaye ilmu puniku bangkit
nembus ning ati kule sing bersih lan kinclong.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Smongko uraian singket kule, mugi-mugi wenten manfaate kangge kule khususe
lan kule sedanten umume. Kule ngende alim pangapurane embokan wenten
omongan-omongan lan tingkah laku kule sing kirang berkenan.
Wabillahi Taufiq Walhidayah, Warridho Wal Inayah, Wassalamu’alaikum
Warohmatullohi Wabarokatuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar