Mau Tambah Penghasilan? atau Mau Youtube Cepat Monev?

Jasaview.id

Minggu, 04 September 2016

Pidato Bahase Jawe Serang Banten "Nuntut Ilmu Niku Wajib"



Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin Wabihi Nasta’inu Wa’ala Umuriddunya Waddin
Washolatu Wassalamu ‘Ala Ashrofil Ambiyai Walmursalin Wa’ala Alihi Washohbihi Ajma’in
Amma Ba’du
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Kepala Sekole SDN Baketor
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Atanapi Ibu Guru Beserte Staf SDN Baketor
Sing Tercinta Lan Kule Cintai Rencang-rencang kule siswa siswi SDN Baketor
Mugi-mugi kule sedanten selalu dalam lindungan Allah SWT lan selalu diisungi kesehatan sehingge kule sedanten bangkit hadir ing dalem acara rutin setiap subuh jum’at enggeh puniku “Jum’at Sodaqoh”.
Puji lan syukur marilah kule selalu panjataken mareng Allah SWT kang sampun ngisungi nikmat Iman, Islam, Ihsan, lan nikmat sehat wal’afiat.
Sholawat serte salam katuran kule sedanten lantunaken maring junjungan kule, nabi kule, penghulu kule, habibina, wasyafi’ina, wamaulana Muhammad SAW. kang sampun ngebakte kule sedanten saking kepetengan maring kepadangan seperti saat puniki.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Pada kesempatan sing berbahagie puniki kule ayun nyampekakan uraian singkat tentang “Nuntut Ilmu Niku Wajib”
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Cepe rosulullah saw “tholabul ‘ilmi faridhotun ‘ala kulli muslimin wamuslimatin” sing artine “nuntut ilmu puniku wajib kangge wong islam lanang lan wong islam wadon”.
Dados bangkit disimpulakan bahwe sinten saos uwonge, baik wong lanang atanapi wong wadon islam niku harus ngilari atanapi belajar ilmu krane ngilari atanapi belajar ilmu puniku wajib monggoh ajaran islam.
Ngilari atanapi belajar ilmu-ilmu agame niku sing diwajibaken, lan belajar ilmu-ilmu dunie gah dianjuraken. Belajar ilmu-ilmu agame niku kangge sangu kule ing dalem ibadahe kule-kule sedanten, dipune ibadahe napik ngatok, atanapi napik sia-sia. Sedangkan ilmu-ilmu dunie kangge sangu kule ngilari dunie dipune mun duniane wenten mah ibadah’e gah boten payah.
Oleh sebab puniku yuuu kule-kule sdanten ngilari atanapi belajar ilmu sing bener-bener napik di sia-sia kaken umur kulane kangge dedolan doank.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Smongko uraian singket kule, mugi-mugi wenten manfaate kangge kule khususe lan kule sedanten umume. Kule ngende alim pangapurane embokan wenten omongan-omongan lan tingkah laku kule sing kirang berkenan.
Wabillahi Taufiq Walhidayah, Warridho Wal Inayah, Wassalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar