Mau Tambah Penghasilan? atau Mau Youtube Cepat Monev?

Jasaview.id

Rabu, 28 September 2016

Pidato Bahasa Jawe Serang Banten Tema "Ciri-ciri Haji Mabrur"


Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin Wabihi Nasta’inu Wa’ala Umuriddunya Waddin
Washolatu Wassalamu ‘Ala Ashrofil Ambiyai Walmursalin Wa’ala Alihi Washohbihi Ajma’in
Amma Ba’du

Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Kepala Sekolah SDN Baketor
Sing Terhormat Lan Kule Hormati Bapak Atanapi Ibu Guru Beserta Staf SDN Baketor
Sing Tercinta Lan Kule Cintai Rencang-rencang kule siswa siswi SDN Baketor
Mugi-mugi kule sedanten selalu dalam lindungan Allah SWT lan selalu diisungi kesehatan sehingge kule sedanten bangkit hadir ing dalem acara rutin setiap subuh jum’at enggeh puniku “Jum’at Sodaqoh”.

Puji lan syukur marilah kule selalu panjataken maring Allah SWT kang sampun ngisungi nikmat Iman, Islam, Ihsan, lan nikmat sehat wal’afiat.

Sholawat serte salam katuran kule sedanten lantunaken maring junjungan kule, nabi kule, penghulu kule, habibina, wasyafi’ina, wamaulana Muhammad SAW. kang sampun ngebakte kule sedanten saking kepetengan maring kepadangan seperti saat puniki.

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Pada waktos kang berbahagie puniki kule ayun nyampekakan pidato singkat sing judule enggeh puniku “Ciri-ciri Haji Mabrur”

Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Rukun iman sing kaping lime enggeh puniku brangkat haji ing tanah Mekah lamun sampun cukup sangu atanapi bekele. Sangu ning tanah sucine lan sangu ning griyane. Haji memang termasuk rukun haji, tapi lamun kulane dereng drebe bekel atanapi sangune, make niku dereng diwajibaken maring kule-kule sedanten.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Tujuan haji enggeh puniku dados haji mabrur, dede dados haji mabur doank. Prepun haji mabrur niku, haji mabrur niku haji sing diterime hajine sereng Allah SWT. dede cuma sah doank hajine, emang gatos dados haji mabrur niku, krane haji mabrur mah boten bangkit ditingali sereng mate tlanjang. Tapi bangkit ditingali sereng pegawean sedinten-dintene, bede boten tingkah lakune lan ibadahe sereng sedinten-sedintene sederenge brangkat haji.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Hajine mah sah lamun memenuhi sayarat sah lan rukun hajine mah, tapine ukuran mabrur boten bangkit ditingali. Yu kule do’akaken wong tue-tue kule kang sampun brangkat haji, mugi-mugi hajine sah lan dados haji mabrur, amin ya robbal ‘alamin.
Bapak lan Ibu Guru serte Rencang-rencang
Smongko uraian singket kule, mugi-mugi wenten manfaate kangge kule khususe lan kule sedanten umume. Kule ngende alim pangapurane embokan wenten omongan-omongan lan tingkah laku kule sing kirang berkenan.

Wabillahi Taufiq Walhidayah, Warridho Wal Inayah, Wassalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh


Tidak ada komentar:

Posting Komentar