Mau Tambah Penghasilan? atau Mau Youtube Cepat Monev?

Jasaview.id

Rabu, 16 Maret 2016

Pidato Bahasa Jawa Serang Banten Tema Lingkungan Kule Indah Napi Seniki Ancur


PIDATO BAHASA JAWA

TEMA: LINGKUNGAN

Assalamu’alaikum wr. wb.
Alhamdulillahirobbil ‘alamin wabihi nasta’in ‘ala umuriddunya waddin wa’ala alihi washohbihi ajma’in. amma ba’du
Maring kesempatan puniki kule ayun nyampekakan pidato tentang “Kerusakan Lingkungan
Kerusakan lingkungan seniki, diakibataken kelawan ulah tangan-tangan kule sedanten.
Contone neng riki, neng kampung kule wilayah bojonegara puniki, gunung-gununge sampun pade telas di bom atanapi di keruk kangge nguruk laut. Nape akibate? Banjir lamun usim udan, panas lan gersang lamun usim ketige, lan maler katah maleh dampak saking kirange kesadaran kule sedanten.
Ing dalam salah sios firman Allah SWT., surat Ar-Rum ayat 41 (Patang Puluh Sios) nerangaken, seng artine, sampun jelas kerusakan neng darat atanapi neng laut diakibataken kelawan kelakuan tangan-tangan manusia. Sehingge Allah ngisungi mareng kule sedanten sing sebagian akibat saking ulah tangan-tangan kule, supados kule bebalik maleh mareng jalan kang diridhoi Allah SWT.
Hadirin kang dimuliyakaken serang Allah SWT.
Niki sedanten sampun jelas, enggeh puniku akibat keserakahane kule-kule sedanten, katah seng jadi korban. Kerusakan seng wenten neng laut bukti nyatane enggeh puniku neng kampong kule dewek laute sampun tercemar, sereng limbah industry. Akibate, iwake pade padem sdanten lan biota laute oge milet rusak. Klepun? Niku sedanten akibat zat kimia limbah industry.
Kerusakan seng wenten neng darat enggeh puniku gunung-gununge pade telas, didamel kawasan industry, kangge ngurug laut, damel bangunan megah, lan katah maleh sebabe. Akibate banjir lamun usim udan, geriyane pade kelem, niku akibat uwong seng mentingaken kesenangan deweke saos, boten ningali dampak negatife mareng masyarakat sedantene.
Hadirin kang dimuliyakaken sereng Allah SWT.
Yuk kule sareng-sareng ngejage lingkungan kule mulai sniki “STOP GLOBAL WORMING” lan napek ngerusak lingkungan seng maler asri lan lestari puniki. Mareng seng sampun terlanjur rusak, yuk kule ngilari solusine, menawi bangket perbaiki maleh kangge mengken pecil-pecil lan putu-putu kule seng bakal wenten.
Hadirin kang dimuliyakaken sereng Allah SWT.
Semongko pidato singkat saking kule, menawi wenten manfaate kangge kule sedanten.
Wabillahi taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar