PIDATO BAHASA JAWA
TEMA: PENDIDIKAN
Assalamu’alaikum
Wr. wb.
Alhamdulillahilladzi An’amana
Bini’mati Imani Wal Islami Wal ilmi Asyhadu Alla Ilaha Illallah Wahdahu
Lasyarikalahu Wa Asyhadu Anna Muhammadan ‘Abduhu Warrosuluh. Allahumma Sholli
‘Ala Sayyidina Muhammadin Wa’ala Alihi Washohbihi Ajma’in. Amma Ba’du.
Dewan Juri kang kule
hormati, serta rencang-rencang kang kule senengi.
Pertami-tami marilah
kule panjataken puji syukur ing hadirot Allah SWT, kerne kelawan izin lan kasih
sayange kule bangket kepetuk lan kumpul ning tempat sing sederhana puniki
kangge ngende Ridho Illahi.
Sholawat serte salam
mugi-mugi dilimpahaken maring sing derebe uswatun hasanah Nabi Muhammad SAW
serte keluargi, rencang, lan umate sedanten sing senantiase istiqomah ing
jalane hingge yaumil kiyamah. Amin Ya Robbal Alamiin...
Ing dalem saat puniki
kule ayun setitik ngejelasaken masalah “Kewajiban
Belajar Kangge Wong Islam”.
Hadirin kang kule
hormati
Cepene neng dunie
puniki sebenere boten wenten wong bodo, lamun ayun pade belajar. Sios hewan
saos bangkit diajari keterampilan. Batur-batur pernah ningali gajah maen
ball…..?, iwak lumba-lumba atraksi….?, enggeh puniku hewan sing boten derebe
akal cuma insting doang, napik malih uwong sing sampun diisungi akal sereng
Allah SWT., lamun akal niku dimanfaataken kelawan bener pasti sedanten pinter,
enggeh boten….??? Kecuali wong idiot atanapi wong cacat mental. Teras klepun
seniki wenten wong bodoh, niku sebabe boten ayun belajar, males belajare,
pengen enak-enakan saos, dolan, nonton TV, dolanan HP, dolanan PS, lan maler,
katah maleh sebabe.
Padahal Kanjeng Nabi
Muhammad SAW ngomongaken “Tolabul ‘Ilmi
Faridhotun ‘Ala Kulli Muslimin” sing artine Ngilari ilmu puniku wajib
hukume ing atase saben-saben wong Islam. Berarti wong Islam niku diken belajar,
sebab kelawan belajar kule bangkit uning sedanten hal sing dereng kule uningi,
lan kelawan ilmu Insya Allah kule boten kesasar.
Hadirin kang kule hormati
Rosulullah sampun
ngengken ning kule sedanten kangge belajar seumur urip kule. Lan niki sesuai
kelawan pepatah Arab seng ngomongaken “Uthlubul
‘Ilmi Minal Mahdi Ilal Lahdi” seng maknane ngilari andike sedanten ing ilmu
awit saking bedongan tumeke maring liang lahat, maksude kule kedah nuntut ilmu puniku
semenjak kule maler bebayi hinge meninggal dunie. Oleh krane puniku, yuk kule
sedanten ngende maring Allah SWT dipune diisungi kekuatan lan kesemangetan ing
dalem ngilari ilmu.
Semongko pidato singkat
saking kule, kirang langkunge kule ngende maaf, Wabillahi Taufik Walhidayah,
Warridho Walinayah. Wassalamu’alaikum Warahmatullohi Wabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar